Rabu, 17 Februari 2016

KHOTBAH JAWA PELEPASAN JENAZAH ISLAM

KHOTBAH PELEPASAN JENAZAH

 اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ بِسْمِ اللهِ الَّذِي اَحْيَاناَ وَنَفَذَ فِى بَرِيَّتِهِ أَحْكَامَهُ وَأَجْرَى ِبمَشِيْئَتِهِ أَقْلاَمَهُ. كُلُّ َنفْسٍ ذَائِقَةُ اْلمَوْتِ وَإِنَّمَاتُوَفَّوْنَ أُجُوْرَكُمْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ.وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِناَ محَُمَّدٍاْلقَائِلْ .اْلمَوْتُ بَابٌ وَالنَّاسُ دَاخِلُهُ.أَمَّابَعْدُ 

Ma'asyirol muta'azzin rohimahulloh,dinten puniko kito dipun tilar salah setunggal sederek muslim kito ingkang kito sedoyo tresnani almarhum….. bin …..,milo sampun sa'mestinipun kito ucapaken istirja' kados ingkang dipun isyarataken deneng alloh s.w.t :

 الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ (البقرة :156). 

(yaitu) orang-orang yang apabila ditimpa musibah, mereka mengucapkan, "Innaa lillaahi wa innaa ilaihi raaji`uun".(sedoyo kagungananipun gusti alloh,lan sedoyo bakal wangsul dateng gusti alloh). Mersani ayat puniko kito sedoyo paham bilih sedoyo ingkang gesang mesti bakal sedo kados dawuhipun gusti alloh

 كُلُّ نَفْسٍ ذَاِئقَةُ اْلمَوْتِ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أَجُوْرَكُمْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ اْلجَنََّةَََََ فَقَدْ فَازَ. 

Sedoyo ingkang gesang mesti bakal sedo, Para muta'azzin rohimahulloh …… Alloh s.w.t anggen njabut nyowonipun kito mboten badhe pandang bulu,awit tiyang sepah,enem,gagah,waras,sakit,lanang ,wadon,remaja,malah bayi alit ugi saged mawon sedo, sedoyo saged mawon pejah kanti kersanipun gusti alloh s.w.t,milo ingkang wigati kagem kito ingkang taksih dipun paringi sehat,lan gesang supados pinter – pinter ginaaken kesempatan,kawontenanipun sederek kito almarhum…… supados dados pitutur kagem kito dados menungso ingkang langkung sae lan sholekhah,kados dawuhipun gusti rosululloh s.a.w :

 كَفَى بِاْلمَوْتِ وَاعِظًا 

"cekap kagem kito kematian puniko dados pitutur (nasehat )". Hadirin rohimakumulloh ….. sedo nipun almarhum…..bin ….. monggo dados no pepiling kagem kito bilih mboten wonten ingkang abadi wonten ngalam dunio puniko,lan mboten wonten ingkang kito bekto naliko mati puniko,kejawi amal-amal sae kito piyambak,milo monggo sareng-sareng andandani laku kito ingkang kirang sae,tingkataken kesaenan kito menawi kito salami niki sampun berusaha tho'at marang agami,sepindah maleh monggo tingkataken iman lan ketaqwaan kito dateng alloh s.w.t,supados sowan kito dateng alloh s.w.t suatu saat mangke mboten dados tiyang getun, hadirin rohimakumulloh…. Iling pati puniko sae supados kito tansah saged muqorrobah ,taqorrub dateng alloh s.w.t,keranten mboten wonten ingkang saged nulung kito sangking sangking siksa lan landratipun alloh s.w.t,kejawi alloh s.w.t piyambak.langkung-langkung kesabaran naliko kito angsal cobo sangking alloh s.w.t meniko ageng ganjaranipun,kados dawuhipun alloh s.w.t :

 وَلَنَبْلُوَ وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ (155) الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ (156) أُولَئِكَعَلَيْهِمْ صَلَوَاتٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُهْتَدُونَ (157) 

" Dan sungguh akan Kami berikan cobaan kepadamu, dengan sedikit ketakutan, kelaparan, kekurangan harta, jiwa dan buah-buahan. Dan berikanlah berita gembira kepada orang-orang yang sabar, (البقرة:155) (yaitu) orang-orang yang apabila ditimpa musibah, mereka mengucapkan, "Innaa lillaahi wa innaa ilaihi raaji`uun".البقرة:156) ) Mereka itulah yang mendapat keberkatan yang sempurna dan rahmat dari Tuhan mereka, dan mereka itulah orang-orang yang mendapat petunjuk.البقرة: 157) )" . Hadirin rohimakumulloh …… Mugi-mugi alloh s.w.t paring kesabaran kagem keluarga almarhum……bin ….. supados angsal rahmat ageng sangking alloh s.w.t,kados dene ingkang sampun dipun janjiaken alloh s.w.t,kejawi sangking puniko njjih nyuwunaken ngapuro mewakili keluarga kagem sedoyo sederek – sederek muslimin-muslimat ,langkung-langkung menawi wonten kesalahan almarhum ingkang berhubungan kaleh haqqul adami,mu'amalah,utang piutang,menawi saged dipun ikhlasaken kulo suwun keikhlasanipun,menawi mboten saged dipun ikhlasaken ,kulo suwun saged menghubungi keluarga almarhum….bin…. supados segera dipun selesaikan,sebagai keluarga kulo njjih ngaturaken matur sembah nuwun atas keikhlasan panjenengan sami, Lan akhiripun monggo sareng-sareng kito sekseni bilih almarhum puniko kelebet golonganipun ahlil khoir….3x, al-fatikhah………… akhiripun sangking keluarga ngaturaken

 جَزَاكُمُ اللهُ وَاَثاَبَكُمْ آمِيْنَ . وَاْلعَفْوُ مِنْكُمْ وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar